Home » , , » ADZAN

ADZAN

http://images.contentreserve.com/ImageType-400/2245-1/ACB/E58/31/%7BACBE5831-CD8C-4EC1-B6B3-8E7126907CCC%7DImg400.jpgSwasana kampung e Paijo ujug-ujug heboh, mergo wes jam setengah 1 bengi ngene ono sworo adzan seko Masjid.


Sworo adzan sing banter marake warga sing lagi penak penake turu mendadak podho tangi njuk podho marani asal usul sworo adzan mau, termasuk Pak RT Paijo.

Naliko Pak RT Paijo lan warga tekan ngarep lawang Masjid, weruh Dalang Pho sing nembe ae mateni sound system sing mau gawe Adzan.

Ho'oH,,,
Dalang Pho sing saiki umur 38 taon sing loro pikir(edan) mergo di tinggal Paijem tunangane jebul sing mau Adzan.

Pak RT Paijo njuk negor Dalang Pho.

Paijo : Kowe ki knopo tow Pho...??
bola-bali kumat edane,
kowe ngerti iki wes jam piro...??
Adzan kok jam yahmene,?
ora awit mau,,!!!

Joyo bekas preman pasar sing wes mulai insyaf lan mulai ngilangi tatto sing ning lengen nganggo setriko panas ugo melu negur Dalang Pho.

Joyo : Yen kowe edan, edano dewe Pho...
ora usah ngejak-ngejak...
ojo-ojo kowe wes melu aliran sesat sing saiki lagi usum-usum e..?
bahaya yen kampung iki ono wong sing melu aliran sesat,,!!!
HAH...!!!
(Karo nyilangke driji ning bathuk'e)

Warga sing rame ning kono njuk nyorak'i Dalang Pho.

"BOYO PANUAN...
IKI JAM PIRO,,!"

"BADAK SEMPAKAN...
OBATE NDANG DI OMBE KONO..!!"

"TAPIR ZIMBABWE...
YEN EDAN KI NING R.S.J"

Dalang Pho sing di hujat entek-entekan, karo tenang mangsuli

Pho : ..................
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
"MAU PAS ADZAN SHOLAT JUM'AT KOWE-KOWE ANTENG NING OMAH PURA-PURA ORA KRUNGU,,,
SAIKI AKU ADZAN JAM YAHMENE MALAH PODHO MORO NING MASJID,
BARENG-BARENG SISAN...
JANE SING EDAN KI SOPO,,,?!?
HAH,,,!!!!!??"

Akhire warga podho bubar dewe-dewe, termasuk Pak RT Paijo sing sumingkir mlipir alon-alon mulih.

=>>>>

PESEN MORAL :
Mending di cap edan nanging isih eling KEWAJIBAN,
timbang di cap WARAS jebul lali KEWAJIBAN.
Share this article :

Posting Komentar