Home » , , » TABRAKAN

TABRAKAN

http://magelangimages.files.wordpress.com/2011/01/img_9913.jpgIsuk mau Joyo mlayu banter banget..
Ora ndelokke ngarep, neng tikungan gang nabrak Paijo sing lagi mlaku alon..

GUBRAAAKK,,,,,,,!!

Wong 2 kuwi tibo klekaran neng dalan..

Paijo : "MUNYUK....!!
mlayu ra weruh dalan..!
Mripatmu neng dengkul po Joy,,,,??"

Joyo : (ngos-ngosan)
"aku lagi dioyak-oyak Joe..."

Paijo : "dioyak-oyak opo Joy...?"

Joyo : "anu,,,,,
.
.
Kucing.."

Paijo : "HAH,,,,,??
Kucing,,??
BEHAHAHAHA......
dasar wong pekok..
karo kucing kok wedi.."

Joyo : "tapi Joe,.
neng mburine kucing kuwi ono KIRIK jal...!!
aku wedi tenan.."

Paijo : "Lha nek kirik memper nek wedi..
Tapi yo ra perlu ngos-ngosan ngono tow...?"

Joyo : "iyo....
tapi neng mburi kirik mau ono TUKANG KREDIT Joe..
Melu ngoyak-oyak aku.."

Paijo : "halah..
Kan iso disemayani.."

Joyo : "iyo Joe..
Tapi neng mburine tukang kredit kuwi ono SING DUWE KONTRAKANKU nagih sewan kamar wes telat setahun..
Galak tenan wonge.."

Paijo : "wah..
Ngawur kowe Joy..
mburine gek ono maneh pora kuwi,,,?"

Joyo : "ono Joe..
MOROTUWOku..
aku mung takon kapan warisane dibagi..
Lha kok nesu..
aku dioyak-oyak arep dipateni..!!"

Paijo : "Mahoahahaha......
Mantu edan tenan..
Tapi aku iseh penasaran Joy..
Sing mburi dewe ngoyak-oyak kowe sopo yo,,?"

Joyo : "ooh.. Kuwi..
Sing mburi dewe ngoyak aku ki...
BOJOMU Wang Markonah Joe..!!
Muehehehehe........."

Paijo : "lho,,,,,??
Kok iso bojoku Markonah melu ngoyak-ngoyak kowe,,??
CRITane kepiye Joy,,??"

Joyo : "ngene Joe,,,
CRITane mau pas aku dioyak-oyak kewan lan wong-wong kuwi, aku mlayu lewat omahmu..
lha bojomu isih nyapu latar..
Trus bojomu...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...tak AMBUNG seko mburi..
Eh bojomu nesu karo muni-muni trus melu ngoyak-oyak aku karo nggowo sapu...
Muhuhehehehe......
Aku tak mlayu maneh yo Joe,,,,?"

*Paijo melu ngoyak Joyo

Share this article :

Posting Komentar